Tampilkan postingan dengan label Foto. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Foto. Tampilkan semua postingan

06 November, 2008

Sugeng Rawuh

Kulo Prasetyo Iriawan, sameniko wonten Manado, nggih sampun sawetawis wong sampun gangsal riyaya. Kondisi wonten mriki nggih lumayan, adem ayem mawon, peduduk kota Manado taksih sekedik, namung wonten 600 ewu jiwo.
mbok menawi sederek sampun mireng Bunaken, nggih pulo alit ning gadhah pemandangan laut ingkang lumayan endah, namung sarana wisata wonten mriki taksih sekedik sanget, mbok menawi cekap kalih dinten ngubengi Propinsi Sulawesi Utara saking kutha Manado kaliyan daerah saubengipun kados Bolang Mogondow lan Minahasa.
Wonten tedhan ingkang radi spesifik ing mriki kados tikus, kucing, segawon, lowo, sanget dipun senengi masyarakat Manado. manawi badhe pados daging wedhus malah angel, mboten wonten ingkang kiloan, kedah tumbas wedhus wetah. Daging sapi lan ayam langkung gampil ning nggih awis reginipun. Menawi iwak wonten mriki gampil lan echo, nanging reginipun lumayan awis.
Kangge ngeling-eling mbok menawi wonten sedherek ingkang kenal lan emut kalian kula, mangga mampir lan nyerat wonten blog mriki. Sekolah kulo SD Jl. Ungaran, Kotabaru, SMPN 5 kotabaru, SMAN 1 Teladan, kuliah wonten AKUB lan Fisipol UGM. Bisnis komputer CV Inti Primasolusi, lan kinarya wonten Bank Pembangunan Indonesia, samenika Bank Mandiri.
Anak kulo sekawan, kalih jaler sampun kuliah wonten STAN lan UII-Ek Manajemen, kalih estri SMAN1 Teladan lan SMPN1 Manado.
Monggo sederek-sederek kulo aturi nyerat mriki, kirim gambar lan foto, crito daerah perantauan, lan sanesipun monggo kerso.